NGLINDUNGI PRIVASI SAMPEYAN – KOMITMEN KITA

  1. TATA COMMUNICATIONS LAN PRIVASI SAMPEYAN
  2. CARA NGUBUNGI KITA
  3. INFORMASI SING DIKUMPULAKE BAB SAMPEYAN LAN CARA KITA NGUMPULAKE
  4. PIYE CARA NGGUNAKAKE DATA PRIBADI SING DIKUMPULAKE?
  5. APA ASAS PEMBENARAN KANGGO PANGGUNAAN IKI?
  6. KAPAN KITA MENEHAKE DATA PRIBADI SING DIKUMPULAKE
  7. TRANSFER INTERNASIONAL DATA PRIBADI
  8. HAK APA SING TAK DUWENI BAB DATA PRIBADIKU?
  9. NGANTI KAPAN SAMPEYAN BAKAL NYIMPEN DATA PRIBADIKU
  10. KEAMANAN DATA
  11. PANGOWAHAN ING KABIJAKAN IKI

Tata Communications ngormati privasi sampeyan lan duwe komitmen mesthekake ana perlindhungan sing cocog kanggo data pribadi sampeyan. Kita tundhuk marang kabeh aturan sing saiki ditrapake babagan perlindhungan, keamanan, lan kerahasiaan data pribadi. Ing Kabijakan Privasi (“Kabijakan”) iki, kita nerangake cara ngumpulake, nggunakake, ngungkapake,  lan nglindhungi data pribadi. Kita uga negesake hak-hak sampeyan babagan data pribadi sampeyan sing kita simpen. Kabijakan iki ana gandhengane karo data pribadi sampeyan sing diolah nganggo panggunaan Wi-Fi Hotspot, konektivitas mobil lan/utawa layanan (e)SIM sing kasedhiya ing kendaraan Jaguar Land Rover ("JLR") (“Layanan”).

Kabijakan iki disediakake ing format lapis, amrih sampeyan bisa ngeklik menyang area kusus sing disiapke ing ngisor iki sing mungkin paling menarik kanggo sampeyan.

  1. TATA COMMUNICATIONS LAN PRIVASI SAMPEYAN
    1. Nglindhungi privasi sampeyan penting kanggo kita lan dadi tanggung jawab sing ditindakake kanthi serius
    2. Sapa kita? Tata Communications (Belanda) B.V. yaiku pengendali lan penanggung jawab kanggo Layanan kasebut. Rujukan kanggo "kita" ing Kabijakan iki ngrujuk menyang perusahaan iki sing nduweni tanggung jawab kanggo ngolah, ngumpulke lan nyimpen data pribadi.
    3.  Informasi tambahan babagan praktik data pribadi kita bisa disedhiyakake ing perjanjian kontrak, pernyataan privasi tambahan, utawa notifikasi sing diwenehake sakdurunge utawa nalika ngumpulake data pribadi.
    4. Penggunaan Layanan kita, lan masalah kang ana gandhengane karo privasi, tundhuk karo Kabijakan iki, Ketentuan Layanan (sing digabungake miturut referensi ing Kabijakan iki) lan kontrak tertulis kanggo layanan antarane sampeyan karo kita utawa wong liya sing menehi akses sampeyan ing Layanan kita.
  2. CARA NGUBUNGI KITA
  3. Kanggo pitakonan kang ana gandhengane karo Kabijakan iki lan praktik perlindhungan data kita utawa nggunakake hak sampeyan sing ana gandhengane karo data pribadi miturut hukum sing ditrapake, sampeyan bisa nggunakake portal layanan mandiri sing kasedhiya ing kene.

    Alamat pos menawa ana pitakonan yaiku:

    Tata Communications (UK) Limited Legal Compliance – Data Protection and Privacy
    Vintners Place
      68 Upper Thames Street
    London, EC4V3BJ
    United Kingdom

    Kanggo Jerman, Singapura lan India, sampeyan bisa ngubungi Pegawai Perlindhungan Data ("PPD") kanthi nggunakake kontak PPD sing kasedhiya ing kene.

  4. INFORMASI SING DIKUMPULAKE BAB SAMPEYAN LAN CARA KITA NGUMPULAKE
    1. Kita bisa ngumpulake utawa nampa saka JLR macem-macem data pribadi adhedhasar penggunaan sampeyan tumrap Layanan kita. Ing ngisor iki ringkesan kategori informasi sing bisa kita kumpulake utawa kita tampa:
      1. Informasi Akun:
        1. Informasi kontak sing bisa digunakake kanggo ngubungi sampeyan. Kita entuk informasi iki nalika sampeyan pesen utawa ndaptar kanggo nampa apa wae Layanan kita. Kita ngumpulake utawa nampa informasi saka sampeyan nalika sampeyan ndaptar Layanan, nggawe akun online, tuku, njaluk rincian utawa njaluk ditelpon balik, ngirim panjaluk dhukungan teknis, pelanggan, utawa tagihan, melu kontes utawa survei, menehi umpan balik utawa ngubungi kita. Jenis informasi sing dikumpulake gumantung karo interaksi sampeyan karo kita utawa JLR, nanging bisa uga kalebu jeneng, alamat, nomer telpon (bisnis utawa pribadi), alamat email, alamat pos/tagihan (bisnis utawa omah), tanggal lahir, nomer identifikasi piranti/kendaraan, tanggal wiwitan layanan, lan informasi liyane sing ana gandhengane kayata bukti tanda pengenal utawa omah. Penyediaan data kasebut dadi syarat kanggo kita nggawe kontrak karo sampeyan.
        2. Informasi Tagihan sing ana gandhengane karo ubungan komersial lan finansial sampeyan kayata layanan sing diwenehake kanggo sampeyan, nomer telpon sing sampeyan ubungi lan kirimi pesen, panggunaan Internet sampeyan, tanda wektu, utawa metadata liyane sing anda gandhengane karo panggunaan sampeyan tumrap layanan kita, riwayat pambayaran sampeyan, riwayat kredit sampeyan, nomer kertu kredit sampeyan, nomer keamanan sosial (yen diolehake miturut hukum), kode keamanan, lan riwayat layanan sampeyan.
      2. Informasi Teknik lan Penggunaan sing ana gandhengane karo Layanan sing diwenehake kanggo sampeyan, kalebu informasi soal cara nggunakake Layanan kita. Contone kalebu:
        1. Data Piranti: Informasi sing ana gandhengane lan ngenali peralatan ing jaringan kita sing sampeyan mungkin gunakake utawa kanggo antarmuka. Informasi kuwi bisa kalebu jenis piranti, pengidentifikasi piranti, status piranti, nomer seri, setelan, konfigurasi, lan jenis piranti lunak.
        2. Kinerja lan Penggunaan Jaringan: Informasi babagan operasi peralatan, layanan, lan aplikasi sing sampeyan gunakake ing jaringan kita. Contone, bisa uga kalebu lokasi (kanggo tujuan roaming) lan jenis piranti nirkabel, nalika nggunakake telpon bantuan darurat lan bantuan kerusakan saka lan tumrap, uga kalebu: tanggal, wektu, durasi lan biaya, jumlah menit panggunaan swara, rekaman telpon, bandwidth sing digunakake. Kita uga ngumpulake informasi kaya tarif transmisi lan wektu tundha, data sing ana gandhengane karo layanan pemantauan jarak jauh lan karakteristik keamanan, lan informasi babagan panggunaan layanan swara interkoneksi liwat protokol internet (VoIP) (kalebu layanan sing dituku offline).
    2. Kita bisa uga ngumpulake data pribadi kasebut ing ndhuwur sajrone nyedhiyakake Layanan kanggo sampeyan utawa kanggo wong sing menehi sampeyan akses tumrap Layanan kita. Kita bisa entuk informasi iki ing pirang-pirang cara, kayata:
      1. langsung saka sampeyan: contone, nalika sampeyan nyedhiyakake rincian supaya bisa langganan Layanan utawa ngubungi kanggo pitakonan teknis.
      2. kanthi otomatis: nalika data pribadi diasilke liwat panggunaan sampeyan tumrap Layanan kita.
      3.  saka sumber pihak katelu: kita kadang ngumpulake data pribadi sampeyan sing kasebut ing ndhuwur saka pihak katelu sing dipercaya, sing ana gandhengane karo Layanan sing diwenehake marang sampeyan utawa diusulake kanggo diwenehake marang sampeyan, yen dirasa pantes lan yen kita duwe asas wajar kanggo nindakake kuwi. Iki kalebu, JLR minangka pabrikan kendharaan sampeyan, KYC/ agensi pencegahan penipuan, direktori bisnis, cek kredit, lan agensi pemeriksaan/referensi KYC lan panyedhiya jaringan sing tersambung.
  5. PIYE CARA NGGUNAKAKE DATA PRIBADI SING DIKUMPULAKE?
    1. Ing ngisor iki, macem-macem cara kanggo ngolah data pribadi:
      1. Menehi sampeyan akses marang Layanan: Ngatur pendhaptaran lan nentokake kualifikasi kanggo menehi akses marang Layanan kita. Iki kalebu nindaklanjuti babagan kegiatan ilegal, KYC/penipuan, ancaman kanggo properti utawa personel lan nglanggar Ketentuan Layanan kita lan/utawa hukum sing ditrapake lan uga kanggo nindakake kewajiban hukum lan peraturan.
      2. Nyedhiyakake kanggo sampeyan Layanan sing dijaluk: Iki kalebu komunikasi karo sampeyan lan nyedhiyakake Layanan sing sampeyan jaluk.
      3. Ngatur akun lan mbantu sampeyan ngatur akun sampeyan: Iki kalebu komunikasi karo sampeyan soal panggunaan sampeyan tumrap Layanan kita, nanggapi pitakonan sampeyan, nyedhiyakake informasi sing sampeyan jaluk, ngatasi tiket dhukungan teknis, lan menehi dhukungan layanan pelanggan.
      4. Ngolah pembayaran lan faktur: Narik lan ngolah pambayaran, kalebu nindak lanjuti kegiatan penipuan lan matuhi kewajiban hukum lan peraturan.
      5. Nglindhungi integritas jaringan: Njaga keamanan, nglindhungi data pribadi sampeyan supaya ora ilang, rusak, dicolong, utawa diakses sing ora sah, nyegah tumindak kriminal lan penipuan, nuntut pelanggar, lan nglindhungi keamanan negara.
      6. Ngatur jaringan: Ngatur jaringan lan panggunaan sampeyan tumrap jaringan kita. Iki kalebu ngatur aliran data sing bakal ngliwati jaringan kanggo njamin kualitas paling apik kanggo Layanan sing kasedhiya kanggo sampeyan.
      7. Riset lan pangembangan Layanan kita: Ningkatake layanan (lan mitra pihak katelu) lan ngembangake Layanan anyar nganggo bantuan statistik panggunaan Layanan kita.
      8. Masarake aktivitas sing ana gandhengane: Ngirimi sampeyan informasi bab Layanan kita, kejaba sampeyan ngakon ora perlu ngirimi. Masiya kita kudu entuk izin sampeyan kanggo aktivitas kasebut, sampeyan duwe hak mbatalake izin kasebut kapan wae nganggo cara ngubungi kita ing rincian kontak sing ditunjukake ing Kabijakan iki.
      9. Kepatuhan tumrap syarat hukum: Ngumpulake lan nahan data sampeyan sing dibutuhake miturut hukum sing berlaku, contone data identifikasi.
      10.  Nanggapi panjalukan saka otoritas sing relevan lan syarat peraturan: Kita bisa nggunakake data pribadi sampeyan kanggo nanggapi panjalukan saka otoritas penegak hukum utawa otoritas umum liyane. Iki bisa uga ngewajibake kita kanggo ngungkapake rincian kontak lan/utawa informasi sampeyan bab panggunaan Layanan kita marang otoritas kasebut utawa kanggo ngalangi, nyegat, utawa ngganggu sampeyan nganggo Layanan kita lan data pribadi sing dihasilake saka panggunaan.
  6. APA ASAS PEMBENARAN KANGGO PANGGUNAAN IKI?
    1. Ing EU, asas pembenaran (utawa dhasar legal) kita kanggo ngolah data pribadi sampeyan bakal beda-beda gumantung saka informasine dhewe, hubungan kita karo subyek data pribadi, Layanan sing diwenehake, syarat hukum lan peraturan kusus negara ing ngendi Layanan diwenehake utawa data pribadi sing diproses lan uga akeh faktor liyane. Isa berubah ing negara-negara tertentu, dhasar legal kanggo pamrosesan yaiku kaya ing ngisor iki:
      1. Kanggo nindakake transaksi karo sampeyan, pemasok lan mitra bisnis, kanggo komunikasi karo sampeyan, lan kanggo ngolah pembayaran lan kanggo menehi akses marang Layanan, kita perlu ngolah informasi sampeyan amarga dibutuhake kanggo nggawe utawa nindakake kontrak karo sampeyan.
      2. Kita ngolah data pribadi kanggo kegiatan pemasaran lan penjualan adhedhasar izin sampeyan nalika dibutuhake koyo diduduhake ing situs kita utawa nalika data pribadi dikumpulake, utawa luwih adoh kanggo kapentingan sah kita kanggo masarake lan promosi produk lan layanan kita utawa kanggo ningkatake utawa ngembangake produk lan layanan.
      3. Kita gumantung marang kepentingan sah kanggo ngolah informasi supaya bisa nganalisa, ngembangake, ningkatake, lan ngoptimalake Layanan, lan supaya bisa njaga keamanan lan integritas jaringan lan sistem kita. Kita uga nduwe kapentingan sah kanggo nggunakake data pribadi sampeyan sing ana gandhengane karo keperluan tuntutan hukum, kepatuhan, peraturan, lan investigasi yen dibutuhake.
      4. Amarga undang-undang sing ditrapake (kalebu undang-undang telekomunikasi), peraturan, utawa kapentingan umum ngewajibake kita, kayata tundhuk marang proses hukum, penegak hukum, utawa otoritas pangaturan, utawa kanggo mbantu pencegahan, deteksi, utawa penuntutan pidana.
      5. Yen sampeyan nahan informasi sing dijaluk, kita ora bisa menehi layanan utawa fungsi tertentu.
    2. Ngandalake kapentingan sah kita: Kita wis nganakake tes pangimbang kanggo kabeh pangolahan data sing ditindakake  kanthi dhasar kapentingan sah kita, sing wis diterangake ing ndhuwur. Sampeyan bisa entuk informasi soal tes pangimbang yen sampeyan ngubungi kita nggunakake rincian sing diduduhake ing Kabijakan iki.
    3. Ing kabeh negara liya (kejaba ing EU utawa ing yurisdiksi sing ana syarat sing padha karo EU), asas pembenaran kita kanggo ngolah data pribadi sampeyan bakal adhedhasar izin lan persetujuan sampeyan tumrap Katentuan Layanan lan Kebijakan iki.
  7. KAPAN KITA MENEHAKE DATA PRIBADI SING DIKUMPULAKE
    1. Mawa izin sampeyan kaya sing dibutuhake ing sawetara yurisdiksi, kita bisa menehake utawa ngungkapake data pribadi sampeyan yen perlu kanggo tujuan sing diterangake ing ndhuwur lan luwih rinci ing ngisor iki:
      1. Afiliasi.Kita uga bisa ngungkapake informasi sing dikumpulake saka sampeyan marang afiliasi kita. Menawa diizinake karo hukum lan mawa izin sampeyan yen dibutuhake, afiliasi kita bisa nggunakake informasi sampeyan kanggo tujuan sing diduduhake ing dokumen iki, kalebu, pemasaran produk lan layanan marang sampeyan. Sajerone ngolah data pribadi sampeyan, afiliasi kita miturut praktik paling ora menehi perlindhungan sing padha kaya sing dijelasake ing Kabijakan iki. Daptar afiliasi kita kasedhiya ing kene.
      2. Integrasi layanan kita. Layanan kita ditawakake liwat JLR. Amarga kuwi, kita perlu menehake data pribadi sampeyan marang dheweke kanggo mbantu kita nyedhiyakake Layanan kanggo sampeyan. Kita uga bisa menehake data pribadi sampeyan marang perusahaan sing kalebu integrator sistem, pengecer JLR, mitra jaringan, supaya bisa menehi sampeyan Layanan kuwi.
      3. Penyedhiya Layanan pihak katelu. Kita makaryakake perusahaan lan individu liyane kanggo nindakake fungsi sing perlu kanggo nyedhiyakake Layanan utawa kanggo tujuan sing diterangake ing ndhuwur. Contone kalebu: ngirim komunikasi, ngolah pambayaran, netepake risiko kredit lan kepatuhan supaya sampeyan entuk akses marang Layanan kita, nganalisa data, nganakake manajemen hubungan pelanggan, lan berhubungan karo mitra jaringan, kontraktor, utawa agen, sing nindakake fungsi makili kita. Pihak katelu iki kalebu pelaku usaha utawa panyedhiya liyane sing bisa ngungkapake data pribadi yen dibutuhake kanggo nyedhiyani Layanan kita utawa nyedhiyakake panjalukan utawa pesenan sampeyan, panyadiyan layanan/pesenan, layanan pelanggan, lan nuntun pembayaran, lan liya-liyane. Panyedhiya layanan pihak katelu iki nduwe akses marang data pribadi sing dibutuhake kanggo nindakake fungsi nanging ora oleh nggunakake kanggo tujuan liyane menawa dheweke ngolah data pribadi sampeyan makili kita. Nalika menehake data pribadi marang pihak katelu, kita mesthekake yen kontrak pihak katelu nduweni perlindhungan sing cocog kanggo data pribadi sampeyan.
      4. Transfer Bisnis. Yen kita dituku utawa nggabung karo perusahaan liyane, utawa yen kanthi substansial kabeh aset kita ditransfer marang perusahaan liyane (sing mungkin uga dadi bagean saka kebangkrutan), kita bisa uga nransfer data pribadi sampeyan marang perusahaan liyane. Kita bisa uga perlu ngungkapake data pribadi sampeyan sakdurunge akuisisi utawa merger kasebut, umpamane marang penasihat kita lan penasihat calon pembeli.
      5. Perlindhungan Hukum lan Nanggepi Proses Hukum. Kita bisa uga ngungkapake informasi sing dikumpulake saka sampeyan kanggo (i) tundhuk marang hukum sing ditrapake, proses pengadilan, perintah pengadilan, utawa kabutuhan hukum liyane utawa, (ii) nalika kita percaya kanthi becik yen pengungkapan dibutuhake kanggo nglindhungi hak-hak kita, nglindhungi keamanan sampeyan utawa keamanan wong liya, nyelidiki penipuan, utawa nanggapi panjalukan pemerintah, kalebu otoritas pemerintah ing njaba negara sampeyan, kanggo keamanan negara lan/utawa tujuan penegakan hukum. Kaya sing kacathet ing ndhuwur, data pribadi sing dikumpulake saka sampeyan bisa uga diwenehake marang otoritas pemerintah utawa pejabat penegak hukum kanggo tujuan ing ndhuwur yen kita percaya, kanthi yakin, menawa kita wajib nindakake, yen ana alesan sing kuat kanggo kepentingan umum kanggo kita nindakake utawa yen dibutuhake kanggo nglindhungi kanthi hukum marang komersial, finansial, legal, reputasi kita utawa kapentingan sah liyane adhedasar kepatuhan karo hukum sing ditrapake.
      6. Menehake Informasi Agregat lan Tanpa Diwenehi Identitas. Kita bisa nggunakake data pribadi sampeyan kanggo nggawe informasi agregat lan anonim sing bisa diwenehake marang pihak katelu. Ora ana sing bisa ngerteni sampeyan saka informasi anonim kasebut. Ing kahanan liyane, kita bisa uga nyamarake data pribadi sampeyan sakdurunge diwenehake marang pihak katelu supaya kita bisa ngatur ulang keterkaitan  sampeyan karo informasi kuwi yen informasine wis diproses lan dibalekake. Senajan pihak katelu ora bisa ngenali sampeyan saka informasi sing disamarake, kita isih bisa ngenali sampeyan. Kita nganggep data sing disamarake kaya data pribadi lan njamin perlindhungan sing padha nalika menehake marang pihak katelu.
      7. Kusus kanggo yurisdiksi sing relevan (contone Jepang utawa Cina): sampeyan adhedasar iki menehi izin kanggo menehake data sampeyan marang pihak katelu utawa kategori pihak katelu sing kadhaptar ing klausa iki.
  8. TRANSFER INTERNASIONAL DATA PRIBADI
    1. Mawa izin sampeyan kaya sing dibutuhake ing sawetara yurisdiksi, Tata Communications bisa nransfer data pribadi ngliwati wates negara. Amarga kuwi, data pribadi sampeyan bisa ditransfer lan diolah entitas Tata Communications liyane lan/utawa pihak katelu sing ora ana kaitane.
    2. Kabeh entitas Tata Communications wis nanda tangani perjanjian persetujuan antargrup sing ditrapake kanggo nransfer data pribadi ing njaba EU utawa marang yurisdiksi sing ora menehi tingkat perlindhungan sing cukup miturut hukum sing ditrapake. Daptar afiliasi lan lokasine kasedhiya ing kene. Kesepakatan kasebut adhedhasar klausa kontrak standar Komisi EU (lan mula kanthi kontrak nduweni perlindhungan standar kanggo data pribadi sing padha karo sing ditawakake ing wilayah EU). Kanthi cara kuwi, kita bisa mesthekake yen ana proteksi sing cukup kasedhiya kanggo keamanan data pribadi sampeyan nalika kita nransfer data marang salah sawijining afiliasi, ing endi wae lokasine ing donya iki. Sampeyan bisa ngubungi kita kanggo njaluk salinan klausa kasebut.
    3. Nalika menehake data pribadi marang pihak katelu sing ora ana hubungane karo Tata Communications Group, kita nyaratake kabeh pihak katelu kasebut kanggo ngormati keamanan data pribadi kasebut lan kudu diperlakokake miturut undang-undang perlindhungan data sing ditrapake. [Kusus India: Kita uga mesthekake yen paling ora, pihak katelu menehi perlindhungan data sing padha, kaya sing diwenehake saka kita marang sampeyan.] Yen kita duwe panyedhiya layanan pihak katelu kanggo ngolah data pribadi sampeyan makili kita, kita ora ngolehake pihak kuwi nggunakake data pribadi kasebut kanggo tujuane dhewe lan mung ngizinake supaya diproses kanggo tujuan sing ditentokake lan sesuai karo pandhuan kita. Nalika miwiti hubungan pemroses kasebut, kita bakal njamin yen ana perlindhungan sing cukup kanggo data pribadi sampeyan nggunakake mekanisme transfer data sing paling cocog kanggo data pribadi lan kanggo negara-negara tujuan data pribadi ditransfer. Yen diizinake dening hukum, mekanisme iki bisa kalebu: panggunaan klausa kontrak sing disetujoni EU; mesthekake yen penerima wis ngetrapake Peraturan Korporasi Mengikat sing disetujoni  EU kanggo ngatur transfer data utawa data pribadi; utawa (ing AS) Tameng Privasi Tersertifikasi (Tameng Privasi EU lan Swiss); utawa negesake yen negara sing nampa wis kanthi resmi terkonfirmasi dening EU yen bisa menehi perlindhungan sing cukup kanggo data pribadi.
    4. Kusus kanggo yurisdiksi sing relevan (contone Meksiko, Rusia, Cina, lan Argentina): Yen sampeyan nggunakake Layanan, sampeyan kanthi jelas setuju bab transfer data pribadi marang negara katelu yen transfer data kasebut mbutuhake izin sampeyan.
  9. HAK APA SING TAK DUWENI BAB DATA PRIBADIKU?
    1. Miturut undang-undang ing sawetara negara, sampeyan nduwe hak tertentu terkait karo data pribadi sing kita simpen lan kita ngormati lan ngawasi hak-hak kasebut. Hak kasebut bisa uga kalebu hak-hak kanggo: njaluk konfirmasi marang yen kita ngolah data pribadi sampeyan, njaluk salinan data pribadi (kalebu informasi bab marang sapa wae kita menehake data sampeyan) ; kanggo mbenerake, mbusak utawa ngelarang(mandekake aktivitas) proses data pribadi sampeyan; kanggo mbatesi panggunaan lan pengungkapan data pribadi sampeyan; lan kanggo njaluk supaya ita menehake (transfer) data pribadi sampeyan marang wong liya, kayata panyedhiya layanan telekomunikasi liyane (yen hak iki kalebu ing hukum sing ditrapake).
    2. Kejaba kuwi, ing negara-negara tertentu, sampeyan bisa nolak pengolahan data pribadi sampeyan ing sawetara kahanan (utamane, yen kita ora perlu ngolah data kanggo menuhi syarat kontrak utawa syarat hukum liyane, utawa yen kita nggunakake data kanggo pemasaran langsung). Menawa cocog karo ketentuan, sampeyan uga bisa mbatalake izin sing sampeyan wenehake kanggo ngolah data pribadi sampeyan lan njaluk informasi akibat saka ora menehi izin kasebut.
    3. Hak kasebut uga bisa diwatesi, umpamane yen memenuhi panjalukan sampeyan bakal mbukak data pribadi wong liya, menawa bakal nglanggar hak pihak katelu (kalebu hak-hak kita), utawa yen sampeyan njaluk kita mbusak informasi sing dibutuhake dening hukum kanggo nyimpen utawa duwe kapentingan sah kanggo nyimpen
    4. Kanggo ngetrapake hak-hak kasebut, kanggo nyatakake keprihatinan soal praktik privasi kita, utawa kanggo ngentukake informasi liyane, sampeyan bisa ngubungi kita, wacanen rincian kontak ing ndhuwur. Kusus kanggo Australia:  Kita bakal nimbang komunikasi sampeyan kanthi ati-ati lan bakal nanggapi sampeyan sajerone 30 dina saka komunikasi sampeyan marang kita.
    5. Yen sampeyan duwe keprihatinan sing durung diatasi, sampeyan duwe hak kanggo sambat marang otoritas perlindhungan data nasional sing relevan. Tulung hubungi kita sakdurunge nggawe pasambat kasebut amarga kita bakal ngapresiasi kesempatan kanggo neliti lan ngrampungake keprihatinan sampeyan dhisik.
  10. NGANTI KAPAN SAMPEYAN BAKAL NYIMPEN DATA PRIBADIKU
    1. Kita nyimpen data pribadi sajerone lan/utawa ora luwih saka sing diizinke hukum, peraturan, pajak, utawa praktik akuntansi sing ditrapake utawa ketentuan lisensi telekomunikasi pemerintah sing ditrapake. Kita uga mbusak utawa nggawe anonim data pribadi miturut kewajiban sing ditrapake.
    2. Yen wektu nyimpen data maksimal utawa minimal ora ditentokake, kita nentokake wektu nyimpen sing pantes kanggo data  pribadi kanthi nimbang: jumlah, sifat, lan sensitivitas data pribadi sing ana ing cathetan kasebut; risiko potensial mbebahayani saka panggunaan utawa pengungkapan data pribadi sing ora sah; tujuan kita kanggo ngolah data pribadi lan menawa kita bisa nggayuh tujuan kasebut nganggo cara liya.
    3. Kusus kanggo Cina: data pribadi sampeyan bisa disimpen ing negara kita nransfer data pribadi kaya klausa 7 ing ndhuwur.
  11. KEAMANAN DATA
    1. Kita bakal nggunakake kabeh usaha sing wajar kanggo njaga keamanan kabeh data pribadi sampeyan lan nglindhungi data pribadi kasebut saka penyalahgunaan, gangguan, lan kilangan data lan saka pangumpulan, panyalinan, akses, modifikasi, utawa pengungkapan tanpa izin.
    2. Kita wis nduwe kontrol sing cukup (kalebu langkah-langkah fisik, teknologi, lan administratif) sing dirancang kanggo mbantu nglindhungi data pribadi sing dikumpulake liwat situs-situs kuwi. Nanging ora ana langkah keamanan sing sampurna, amarga kuwi, kita ora bisa menehi jaminan menawa data pribadi sing dikumpulake ora bakal diakses utawa digunakake nganggo cara sing ora sah, sing bisa kedadeyan amarga situasi sing ora bisa diatasi kontrol wajar kita. Kita wis duwe prosedur kanggo ngatasi kecurigaan anane pelanggaran terkait data pribadi, lan bakal ngandhani sampeyan lan regulator pelanggaran terkait yen kanthi hukum diwajibake kanggo ngandhani.
    3. Langkah sing ditrapake kanggo ngamanake data pribadi yaiku:
      1. Langkah fisik, kalebu: akses sing diwatesi ing pusat komputer lan fasilitas panyimpenan data;
      2. Langkah-langkah administratif, kalebu: eksekusi rencana keamanan data internal lan sesi latihan staf berkala;
      3. Langkah-langkah teknologi, kalebu: kontrol akses marang sistem pangolahan data pribadi lan instalasi sistem kontrol akses, lan program keamanan;
      4. Kabeh akses marang komponen sistem lan data pribadi kudu diwatesi kanggo individu sing ngerti proses bisnise;
      5. Hak akses kanggo pangguna individu bakal diwatesi kanggo sing ora duwe hak sing dibutuhake kanggo nindakake  tugas. Kuwi kudu adhedhasar klasifikasi lan fungsi kerja;
      6. Kabeh hak akses kudu disetujoni dening pihak sing diwenehi wewenang sing nentokake hak akses sakdurunge akses diwenehake; lan
      7. Kabeh pangguna bakal diwenehi identifikasi unik sakdurunge dheweke oleh akses marang komponen sistem, data pribadi, utawa data sensitif liyane. Kejaba kuwi, kabeh pangguna kudu diverifikasi minimal nganggo sandhi.
  12. PANGOWAHAN ING KABIJAKAN IKI

    Kanggo njamin sampeyan terus ngerti bab cara nggunakake data pribadi sampeyan, kita bakal sewayah-wayah nganyari versi online Kabijakan iki kanggo nggambarake pangowahan panggunaan tumrap data pribadi sampeyan. Kita bisa uga nggawe pangowahan kanggo tundhuk karo pangowahan ing syarat hukum utawa peraturan sing ditrapake. Menawa bisa, kita bakal ngandhani sampeyan nganggo cara liya sakdurunge pangowahan duwe pengaruh kanggo sampeyan kanthi material kayata ngunggah kabar ing situs utawa ngirim kabar marang sampeyan. Menawa diwajibake karo hukum sing ditrapake, kita perlu oleh izin sampeyan sakdurunge nerapake pangowahan iku. Nanging, kita ngajak sampeyan neliti Kabijakan iki kanthi berkala supaya ngerti umpama ana pangowahan bab cara nggunakake data pribadi.